Rabu, 09 Januari 2019

Tuku Empal 80 Juta Akire Mblenger Klenger

Lhadalah! Tuku konok onggrok ngana wae nganti 80 juta, kanti rega sing padha lan kanggo keperluan sing padha... neng Guyangan (Lokalisasi neng Nganjuk), dhuwit semana kuwi isa tumbas empal brewok ping 1000. Xixixi... penulis dhewe ora tau ngerti, ora tau ngana kuwi, ya ngerti regane saka kanca kang dadi security ana panggonan kuwi.

Ayo digagas siji baka siji... apa kaluwihane 'dalan banyune' Vanessa Angel, dibandingna dalan banyu liyane (nggone mbok ndewor liyane). Aja ngremehake 'penulis' dhisik, babagan ngana kuwi penulis wis pengalaman. Dudu merga penulis seneng utawa sering mlebu komplek lokalisasi, tapi amerga penulis wis tau nikah ping 3. Wis duwe putu 3 uga, sanajan umur isih 47 taun.

Mbalik neng tanktop! Eh Laptop!. Ora usah nggagas uripku, ayo nggagas kang luwih wigati, pitakonane yakuwi:
Kena ngapa ana sawijine pawongan, kang gelem nuku pelayanan plus-pluse Vanesssa Angel nganti 80 juta? Apa kaluwihane?

1. Merga ayune VA?
Akeh sing luwih ayu, luwih denok deblong moblong-moblong tinimbang dheweke. Kanggone penulis, VA jik kalah ayu timbang NK (Nella Kharisma). Tapi penulis ya isih mikir jero yen dikongkon nuku NK 80 juta. Atase penulis bayaran mingguan wae kok kemalan tuku konokan, kuwi uga nek tulisane tembus neng redaksine mojok.co

2. Leladene VA kang ngedab-ngedabi.
Iki kaya apa? Kok nglayani turu wae nganti ngedab-ngedabi? Opo ujug-ujug VA isa malih dadi Wonder Woman? Sing nduwe kekuwatan super, saengga digenjot suwengi muput ora krasa? Lhah nek ngene iki tenan, kan padha kaya ngeloni gedebog?

3. Merga VA artis.
Kok penulis nembe 'ngeh' nek VA kuwi artis? Iki artine, masia bergelar artis tapi VA ora terkenal. Saliyane kasuse musuh Jeane Shalimar karo Didi Soekarno neng 'selebrutu', penulis ora kenal, ora weruh, lan ora ngerti.

4. Isa nunut terkenal.
Lha VA wae ora terkenal, yen ngeloni VA isa dadi terkenal. Opo 'perkelonane' direkam neng hape, terus disebar-sebarake nggone bocah sekolah? Ora usah ragat nganti 80 juta, kelon wae karo lonthe komplek... terus bojomu kongkon 'nggropyok' nggawa Pulisi. Dijamin, sesuk wis metu neng siaran 'Pojok Kampung' tipi JTV. Ngene paling pemberitaane.
"Uwong lanang sing lagi ngipik-ipik Balon Guyangan, digropyok bojone barek nggawa Pulisi. Bareng ditakoni Pulisi, jawape uwong lanang iku empal brewoke bojone wis gak empuk maneh!" ngana kira-kira siaran berutane. Xixixi.

Tapi yo ora maido, yen lagi karep tur bondone cumepak. Pepinginan apa wae, ibarate ya nggur kari ngengon. Pengen apa wae mesti keturutan, nanging apese kok ya pengine njanjal empal brewoke artis. Utawa genahe karep, pengen kelon karo artis. Lha ora ngerti yen 'perzinahan' kuwi ana ukume, ngglethek akire dijecrek digawa neng pulisi. Disiarno neng tipi, ya jelas ngisin-ngisini.

Tidak ada komentar:

Tehnik Membuat Paragraf Awal

Menulis cerita pendek membutuhkan teknik khusus. Kenapa? Kembali ke definisi, cerita pendek adalah cerita yang habis dibaca dalam sekali dud...