Kamis, 21 Maret 2019

Salah Margi

wis jumangkah teka ing papan iki
mokal bali yen ora bakal ciniwi
panggonan kang geseh jroning prajanji
jebul mung kebak bebujuking impi

ora ana bukti yen jigrang bae bisa ngundang rejeki
ora kabukti bandha teka merga dipepuji
kabeh kudu kanti srana obahing dhiri
sengkut makarya iku sayogyaning pakerti

dhuh gusti pepujaning abdi
sampun kaladuk dalem laku anglampahi
mugi panjenengan tebihaken bebenduning mami
kawula sumadya ngambah bali sejatining margi
dhumateng panjenengan kang maha suci

Tidak ada komentar:

Tehnik Membuat Paragraf Awal

Menulis cerita pendek membutuhkan teknik khusus. Kenapa? Kembali ke definisi, cerita pendek adalah cerita yang habis dibaca dalam sekali dud...